Mbiji Maca Geguritan

Mbiji Wong Maca Geguritan

Asring wontenipun lomba maos geguritan tumrapipun para siswa, mila kedah dipun mangertosi aspek menapa kemawon ingkang kedah dipun pahami dening para peserta lomba.

Aspek Penilaian wonten ing lomba maos geguritan inggih punika:

1  penghayatan

2  vokal

3  penampilan

Penghayatan
(Nunggal Sajiwa)

-          Sajiwa antawisipun ingkang maos kaliyan ingkang dipun waos.

-          Paham sawetahipun, boten naming satugel-satugel peranganipun wos saking geguritan ingkang dipun waos.

-          Teges ing suwalikipun simbul ing geguritan lan swasananipun

Penghayatan ketingal wonten ing:

1  Andheg à boten namung  unjal napas, nanging teges

2  Andhap-inggilipun swanten (nadha)

3  irama

4  ekspresi à pasuryan à paningal

5  lancar-botenipun maos

Vokal

1  cethaning pangucap

2  daya kekuwatanipun maos ngantos pungkasan.

Penampilan

1  menika saged katingal saking tata lahiripun ingkang maos.

2  Anggenipun mlebet/wiwitan minggah panggung mitayani boten.

Cak-cakanipun Mbiji

Nomor undian Penghayatan Vokal Penampilan Jumlah skor Keterangan
1
2
3

lst.

Guru kersa nyerat???

SAUPAMI PARA DWIJA KERSA NYERAT?

Seratan punika minangka panyaruwe katur kadang dwija mugi kersa amiwiti anggenipun ngulinakake nyerat.


Kenging menapa boten kathah dwija ingkang kersa nglampahi nyerat utawi damel seratan?  Menapa leres dwija boten gadhah kemampuan kangge nyerat? Wangsulanipun bokbilih maneka warna.  Nanging menawi ningali kawontenan, taksih sekedhik sanget dwija ingkang kersa nyerat. Sampun malih menawi nyerat wonten media massa, Koran utawi sanesipun, kangge nyerat damel karya tulis kemawon rade kawratan.

Sejatosipun menawi kersa damel karya tulis piyambak menika satungaling aktivitas kangge pengembangan dhiri dwija salebetipun ngaktualisasikake lan ngekspresikake dhiri. Bokbilih budaya nyerat ing kalangan para dwija taksih rendah utawi kirang. Idialipun para dwija menika kedah kersa lan pinter nyerat? Kenging menapa mekaten?

Menawi ditingali saking prespektif guru minangka subjek minangka praktisi pendidikan, para dwija kagungan potensi ingkang ageng sanget. Inggih amargi para dwija gadhah maneka pengalaman pribadi babagan system lan model pasinaonan ingkang dipun lampahi. Guru/Dwija saged nyerat babagan duka cita dados guru. Saged ugi nyerat bab sisi-sisi kehidupan guru. Lan sanesipun.

Minangka objek, kathah tiyang ingkang ngrembag bab guru minangka bahan seratan, langkung-langkung sasampunipun wonten sertifikasi guru. Kathah sorotan lan kritik ingkang katujokaken marang para dwija, nanging menggah cuwonipun seratan-seratan menika kathahipun malah sanes saking para dwija piyambak. Menggah mbombingi malih menawi seratan menika dipun serat para dwija piyambak, saged andadosaken proses pembelajaran kangge sedaya kemawon.
Sejatosipun kathah hikmah lan keuntungan ingkang saged kapendhet saking pakulinan nyerat.

Ingkang wiwitan, kegiyatan nyerat minangka satunggaling aktivitas ingkang saged nuwuhaken motivasi kangge para dwija, nalika seratanipun dipun publikasiaken wonten media massa adakanipun nuwuhaken raos bombing lan mongkog lajeng tuwuh raos kepenging anggenipun nyerat malih. Bilih para dwija sampun termotivasi lan pikantuk nilai tambah (added value) amargi saged kagolongaken wonten kelompok intelektual.

Kaping kalih, nyerat menika saged ndadosaken dwija dados tiyang pembelajar amargi para dwija ingkang kersa nyerat temtu kemawon nglampahi maos. Maos ingkang minangka sumber kangge bahan referensi, literature lan ugi minangka realitas sosial. Dwija ingkang remen nyerat nuwuhaken pakulinan nyinau bab cara ngidentifikasi perkawis, sinau bab nganalisis sarta ngasah kemampuan madosi solusi. Kegiatan kados menika ingkang saged ndadosaken para dwija kagungan watak kritis, menawi menika saged kelampahan, kesan wontenipun guru ingkang kesed saged sirna.

Kaping tiga, pitados utawi boten, nyerat menika saged nuwuhaken keuntungan popularitas. Para penulis ingkang asring nyerat wonten media massa adakanipun lajeng dikenal tiyang kathah. Ketambahan malih bilih seratanipun ngandharaken perkawis ingkang narik kawigaten ingkang tansah dados pangeling-eling.

Kaping sekawan, mbokbilih nyerat menika saged minangka srana kangge nambah pengahsilan. Menawi boten pitados cobi kemawon, sertan panjenengan dipun kintun wonten media massa, menawi dipun muat mangke temtu badhe kaaturan pituwas minangka gantosipun kertas.

Kaping gangsal, minagka nilai tambah saking nyerat kangge para dwija inggih menika saged nambah poin angka kredit kangge usul PAK. Cobi bayangaken kemawon pointnipun 2, langkung ageng saking anggenipun ngajar setunggal semester.

Ketingalipun boten wonten istilah telat kangge miwiti nyerat, para dwija saged ngembangaken kreativitasipun, kathah srana lan cara kangge para dwija saged nyerat. Para dwija inggih gadhah kathah perkawis ingkang mbetahaken langkah analisis lan solutif? Bokbilih ngewahi paradigma pembelajaran langkung cepet menawi para dwija kathah anggenipun maos lan ngekspresikaken asilipun waosan menika wonten seratan kanthi wujud menapa kemawon?

Mendah mbombongi manah menawi para kadang dwija kersa nglampahi pakulinan nyerat…

Mangga kanthi nyerat  kita cobi membangun diri.

Wusananipun kupat siniram santen, bokbilih wonten tetmbungan ingkang lepat nyuwun pangapunten.

Tembung

Tembung lan wujude

Tembung iku mujudake kumpulane wanda utawa uni kang nduweni teges, kang kedadeyan saka sawanda utawa luwih.

Manut wujude tembung bias kaperang dadi:

1. Tembung Kriya / Verba

2. Tembung Kaanan/Watak/Adjektiva

3. Tembung Aran / Nomina

4.  Tembung Sesulih / Pronomina

5.  Tembung Wilangan / Numeralia

6.  Tembung Katrangan / Adverbial

7.  Tembung Ancer – ancer / Preposisi

8.  Tembung Panyilah / Artikula

9.  Tembung  Pangiket / Konjungsi

10.  Tembung Sabawa / Interjeksi

 

Paribasan, Bebasan, Saloka

PARIBASAN

Wujudipun punika ukara wantah boten sinamun ing upami, ajeg panganggenipun, tembung-tembungipun boten saged dipunewahi nggadahi teges salugunipun.

Upaminipun:

  1. Adigang, adigung, adiguna tegesipun remen ngendelaken kekiyatan, panguwaosipun, lan kepinteranipun.
  2. Ancik-ancik pucuking eri tegesipun tansah was sumelang, tumindak ingkang tansah ngadhut bebaya.
  3. Angon ulat ngumbar tangan tegesipun ngulataken kawontenan, menawi limpe banjur dicolong.
  4. Ana bapang sumimpang tegesipun nyingkiri sadayaning bebaya
  5. Becik ketitik ala ketara tegesipun bakal cetha pundi ingkang tumindak leres kaliyan lepat ing tembe wingkingipun.
  6. Busuk ketekuk, pinter keblinger tegesipun ingkang bodho lan ingkang pinter sami manggih cilaka.
  7. Ciri wanci lêlai ginawa mati tegesipun   Pakulinan ala boten saged diewahi ngantos dumuginipun seda.
  8. Ila – ila ujare wong tuwa tegesipun manut marang pituturipun tiyang sepuh.
  9. Buntel kadud, ora kinang ora udud tegesipun buruh nyambut damel upah borongan, boten angsal dhahar kaliyan ngunjuk.
  10. Dahwen ati open tegeipun nacad nanging gadhah melik (raos pepinginan) ingkang dicacad.
  11. Didhadunga medhot, dipalangana mlumpat tegesipun pikajengan ingkang boten saged dipunpenggak.

BEBASAN

Bebasan inggih punika unen-unen kang gumathok, ajeg panganggenipun, ngemu suraos pepindhan, ingkang dipun upamikaken sipat, tindak tanduk, utawi kawontenanipun tiyang. Ukaaranipun adakanipun dipunwiwiti mawi tembung kriya.

Upaminipun:

  1. Ancik-ancik pucuking eri tegesipun tiyang ingkang tansah gadhah raos was sumelang.
  2. Adhang-adhang tetese embun tegesipun nJagakaken barang mung sakangsalipun.
  3. Adol lenga kari busik tegese dum dum barang, nanging ingkang andum boten angsal bagiyan.
  4. Anak molah bapa kepradhah tegesipun tiyang sepuh ndherek repot amargi tumindakipun lare.
  5. Arep jamure emoh watange tegesipun purun sekecanipun boten purun rekaosipun.
  6. Abag-abang lambe tegesipun gunemipun mung lamis.
  7. Kocak tandha lokak tegesipun tiyang ingkang umuk tandha menawi kirang kawruhipun.
  8. Mburu uceng kelangan deleg tegesipun nguyak barang sepele kecalan barang ingkang aji.
  9. Katon cepaka sawakul tegesipun dipunremeni dening tiyang kathah.
  10. Mbuwang rase nemu kuwuk tegesipun nyingkiri piawon, nanging malah manggihi piawon ingkang langkung awon.
  11. Dudu berase ditempurake tegesipun urun rembag nanging boten selaras kaliyan ingkang dipun rembag.

SALOKA

Saloka inggih punika unen-unen ingkang gumathok, ajeg panganggenipun ngemu suraos pepindhan, ingkang dipunpindhakaken punika tiyangipun. Ukaranipun adakanipun dipunwiwiti tembung aran.

Upaminipun:

  1. Asu gedhe menang kerahe tegesipun tiyang ageng/gadha panguwaos menawi  gadhah perkawisan kaliyan tiyang alit limrahipun lajeng dipun mimpangaken.
  2. Ati bengkong oleh oncong tegesipun tiyang gadhah  niyat awon angsal srana kangge tumindak.
  3. Bathok bolu isi madu tegesipun tiyang asor nanging gadhah kapinteran.
  4. Belo melu seton tegesipun naming anut grubyug boten ngertos rembag.
  5. Dhalang karubuhan panggung tegesipun tiyang ingkang kawelah ing ginemipun cepklakep.
  6. Gajah ngidak rapah tegesipun tiyang ingkang nrajang wewaleripun piyambak.
  7. Kebo mulih menyang kandhange tegesipun wangsul marang asalipun.
  8. Cecak nguntal elo tegesipun ngarah barang ingkang mokal.

Follow

Get every new post delivered to your Inbox.